Para kadang bakul cancut sengkut
Mecaki dalan miyak kandele pedhut
Gumregah ngangkah jangkah
Gumbregut nekuk dengkul lan sikut
Hawa adem nyocoki kulit ari
Kadya lincip dan landhepe eri
Ora bakal gawe gigrige ati
Semangat kadhung anjenggirat
Tinalenan niat
Beburu berkat sing sumebar ing jagad
Ing Pasar Bantul
Para kadang bakul ngebaki wakul
Jumangkah nyadhong berkah
Kanthi ati pasrah sumarah
Judul: Wewayangan (Supriyadi)
Panguripanmu wus ginurit
Ing gelare kelir jagad gumelar
Surya pinangka blenconge
Bumi pinangka deboge
Lelakonmu dadi gancare carita
Kang sinanggit Kang Murba Kawasa
Binabar ing pangucap lan polah tingkah
Tangis lan guyu gegen hingane
Banjur kapan babare lelakon
Sawangen polahe kayon
Jejeg miring mirong ngetan mangulon
Sabdane Hyang Manon humiring gen hing sabda kun
Ginarebeg pra widadara widadari
Mungkasi lakon sawengi iki
Itulah ulasan mengenai geguritan yaiku. Semoga bermanfaat!